Winking Line Smiley

Sabtu, 17 Desember 2011

Tembung Saloka



Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar lan ngemu surasa pepindhan. Nanging sing dipindhake wong.

Gatekna tuladha ing ngisor iki !
Coba yen melu-melu terus mesthi kaya iwak kalebu ing wuwu pungkasane yen kepepet ya kaya kebo lumumpat ing palang.
  1. Iwak kalebu ing wuwu (Saloka) =>> Kena apus sarana gampang banget
  2. Kebo malumpat ing palang (Saloka) =>> Ngadili perkara nganggo wewaton
Ing ngisor iki tuladha-tuladha sing liyane :
  1. Kutuk marani sunduk, Tegese Njarak marang bebaya
  2. Asu arebut balung, Tegese Pada rebutan barang sepele
  3. Becik ketitik ala ketara, Tegese Becik ala bakal ketara ing tembe mburine
  4. Blilu tau pinter durung nglakoni, Tegese Senajan durung mengerti nanging wis bisa nglakoni
  5. Lanang kemangi, Tegese Wong lanang sing jirih
  6. Klayang kabur kanginan, Tegese Wong urip sing kalunta-lunta
  7. Maju tatu mundur ajur, Tegese Kabeh budidayane ora kasil
  8. Ketiban awu banget, Tegese Ora ngerti apa-apa didakwa
  9. Keplok ora tombok, Tegese Melu seneng nanging ora wragad
  10. Madu balung tanpa isi. Tegese Padudon amarga barang sepele
  11. Lambe satumang kari semerang, Tegese Aweh pitutur bola-bali digape
  12. Nabok ngyikih tangan, Tegese Nindhaake tumindhak ala sarana kongkonan
  13. Sepi ing pamrih rame ing gawe, Tegese Tumandhang nggawe tanpa nduwe melik
  14. Tuna sathak bathi sanak, Tegese Rugi bandha nanging bathi sadulur
  15. Wiwit kuncung nganti gelung, Tegese wiwit cilik nganti tuwo
  16. Ulat mandhep ati karep, Tegese wis manthep banget
  17. Rebut balung tanpa isi rebut kemiri kopong, Tegese Padudon rebutan barang sepele
  18. Rawe-rawe rantas malang-malang putung, Tegese Kabeh sing ngalangi disingkirake

Minggu, 04 Desember 2011

Tembung Entar



Tembung Entar yaiku tembung kang dhuweni teges dudu sabenere utawa wantah. Tembung Entar diarani uga tembung silihan (kata kiasan)

Tuladhane :
  1. Ora katon dhadhane = ora gampang wani adu arep
  2. Dawa tangane = seneng njupuk barange liyan
  3. Mata dhuwiten = sing dipikir mung dhuwit
  4. Entek atiku = kuwatir banget
  5. Banda tangan = males
  6. Mambu ati = dhuweni rasa tresna
  7. Lunyu ilate = mencla-mencle omongane
  8. Udan tangis = akeh sing nangis
  9. Jembar segarane = gampang manehi pangapura
  10. Adol bagus = pamer bagus / kemayu
  11. Rai gedheg = ora ana isin nang uwong
  12. Lobok atine = sabar
  13. Nganakake dhuwit = dhuwit dibungai
  14. Adus kringet = nyambur gawe rekasa banget
  15. Ngangsu kawruh = meguru
  16. Padhang ulate = sumeh / ngguyuan
  17. Nandur kabecikan = nggawe kabecikan
  18. Mbukak wadi = ngandhakake wadi (rahasia)
  19. Manis eseme = eseme ngresepake ati
  20. Entheng tangane = seneng tandhang nggawe

Tembung Rura Basa



Wacanan Tuladhane :
Preian semester ganjil niki, Rina ngrencanakake arep lunga menyang Kedhiri tilik budhene. Yen diparengake ibune, dheweke pengin ngajak kancane. Dheweke janji ing daleme budhe mengko arep sregep ngrewangi, masak lan resik-resik, umpamane ngrewangi adang sega lan nguleg sambel kanggo dhahar sarta nggodhog wedang  kanggo unjukan. Pakdheku senenge ngunjuk kopi panas.
Daleme budhe iku kalebu ndesa jalaran adoh saka kutha, mula aku seneng banget dolan marana. Ing ndesa aku bisa ndeleng samubarang sing ora ana ing Surabaya. Kaya umpamane ndeleng wong ngundhuh jeruk, menek klapa, negor gedang lan nunggu manuk ning sawah.
Saben dinane budhe mbukak warung murah dadi sing tuku ya akeh banget.
Umume wong-wong tkang ngenam klasa, tukang ndhudhuk sumur lan tukang mbatikh iket ngasone neng warunge budhe. Dene pak dhe senenge nunggoni wong tuku sinambi, nglinthing rokok mbakone...
 Aku seneng banget rasane, malah kancaku sajak krasan ora gelem mulih amarga seneng ndeleng warga desa padha makarya, kabeh katone uripe ayem tentrem beda karo neng kutha...
 Wacan ing dhuwur niki sing isih bisa dibenerake, yaiku :
  1. Adang sega, karepe adang beras supaya dadi sega
  2. Ngulek sambel, karepe ngulek lombok karo bumbu liyane supaya dadi sambel
  3. Nglinting rokok, karepe nglinting klobot kanggo dadi rokok
  4. Ngenam Klasa, karepe ngenam mendhog/pandhan supaya dadi klasa
  5. Menenk Klapa, karepe menek wit klapa
  6. Ndudhuk sumur, karepe ndhudhuk lemah dianggo sumur
  7. Nunggu manuk, karepe nungguni sawah supoyo parine ora dipangan manuk
  8. Mbatik iket, karepe mbatik kain mari utawa kain liyane supaya dadi iket
  9. Netel jadah, karepe netel ketan sing wis di edang digaweh jadah
  10. Ndeplok gethuk, karepe ndeplok tela sing wis di adang/ di godhog supoyo dadi gethuk
  11. Nggodhog wedang, karepe nggodhog banyu nggawe wedang
  12. Menek klapa, karepe menek wit klapa

Tembung Kerata Basa



ing wacanan sing ana ing gambar niku ana 9 tembung kerata basa, yaiku :
  1. Wanita, tegese wani ditata lan wani nata
  2. Priya, tegese pribada sing angga
  3. Prawan, tegese yen pepara kudu wayah awan
  4. Batur, tegese embat-embataning ditutur
  5. Tandur, tegese nata karo mundur
  6. Tarub, tegese ditata supoyo katon muruk
  7. Tuwa, tegese untune wis ruwa
  8. Kaji, tegese tekate uji
  9. Sekuter, tegese sambil sendheku mlayu banter

Sabtu, 26 November 2011

Basa Rinengga


MATERI
Bu guru Yitno ngendika manawa sesuk sabtu tanggal 10 Desember iki kagungan kersa nyunatake putrane lanang sing bagus tur gedhe dhuwur kae. Bocahe wis kelas enem SD. Tanggal sangane diana kake pengajian kirim donga. nyenyuwun marang Gusti. Brekate dipesenake nenggone mantune budhe Santoso.

Tembung-tembung dicethak miring lan digarisi ing wacan kasebut diarani tembung kereta basa yaiku sing ditegesi sarana diothak-athik amrih mathuke. Anggone negesi manut pepiridan wandane utawa pakecapane tembung.
Tuladhane :
    • Guru bisa ditegesi digugu lan ditiru
    • Desember bisa ditegesi gedhe-gedhe sumber
    • Bocah bisa ditegesi mangane kaya kebo, pegaweyane ora dicacah
    • Gusti bisa ditegesi baguse ati
    • Brekat bisa ditegesi mak brek diangkat
    • Mantu bisa ditegesi dieman-eman mekso metu
Cuteki ecards
Matur Nuwun wis ngunjung ning Blog Kulo, ojok lali VOTE lan FOLLOW nggih! matur nuwun sanget :D Matur Nuwun yoo, muga gusti Allah mbales kuwi, hehe