Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar lan ngemu surasa pepindhan. Nanging sing dipindhake wong.
Gatekna tuladha ing ngisor iki !
Coba yen melu-melu terus mesthi kaya iwak kalebu ing wuwu pungkasane yen kepepet ya kaya kebo lumumpat ing palang.
- Iwak kalebu ing wuwu (Saloka) =>> Kena apus sarana gampang banget
- Kebo malumpat ing palang (Saloka) =>> Ngadili perkara nganggo wewaton
- Kutuk marani sunduk, Tegese Njarak marang bebaya
- Asu arebut balung, Tegese Pada rebutan barang sepele
- Becik ketitik ala ketara, Tegese Becik ala bakal ketara ing tembe mburine
- Blilu tau pinter durung nglakoni, Tegese Senajan durung mengerti nanging wis bisa nglakoni
- Lanang kemangi, Tegese Wong lanang sing jirih
- Klayang kabur kanginan, Tegese Wong urip sing kalunta-lunta
- Maju tatu mundur ajur, Tegese Kabeh budidayane ora kasil
- Ketiban awu banget, Tegese Ora ngerti apa-apa didakwa
- Keplok ora tombok, Tegese Melu seneng nanging ora wragad
- Madu balung tanpa isi. Tegese Padudon amarga barang sepele
- Lambe satumang kari semerang, Tegese Aweh pitutur bola-bali digape
- Nabok ngyikih tangan, Tegese Nindhaake tumindhak ala sarana kongkonan
- Sepi ing pamrih rame ing gawe, Tegese Tumandhang nggawe tanpa nduwe melik
- Tuna sathak bathi sanak, Tegese Rugi bandha nanging bathi sadulur
- Wiwit kuncung nganti gelung, Tegese wiwit cilik nganti tuwo
- Ulat mandhep ati karep, Tegese wis manthep banget
- Rebut balung tanpa isi rebut kemiri kopong, Tegese Padudon rebutan barang sepele
- Rawe-rawe rantas malang-malang putung, Tegese Kabeh sing ngalangi disingkirake
1 Aku Ngomong:
Eh gilak yang aku cari ada semua disinii terimakasihh
Posting Komentar