Winking Line Smiley

Sabtu, 26 November 2011

Basa Rinengga


MATERI
Bu guru Yitno ngendika manawa sesuk sabtu tanggal 10 Desember iki kagungan kersa nyunatake putrane lanang sing bagus tur gedhe dhuwur kae. Bocahe wis kelas enem SD. Tanggal sangane diana kake pengajian kirim donga. nyenyuwun marang Gusti. Brekate dipesenake nenggone mantune budhe Santoso.

Tembung-tembung dicethak miring lan digarisi ing wacan kasebut diarani tembung kereta basa yaiku sing ditegesi sarana diothak-athik amrih mathuke. Anggone negesi manut pepiridan wandane utawa pakecapane tembung.
Tuladhane :
    • Guru bisa ditegesi digugu lan ditiru
    • Desember bisa ditegesi gedhe-gedhe sumber
    • Bocah bisa ditegesi mangane kaya kebo, pegaweyane ora dicacah
    • Gusti bisa ditegesi baguse ati
    • Brekat bisa ditegesi mak brek diangkat
    • Mantu bisa ditegesi dieman-eman mekso metu
Cuteki ecards
Matur Nuwun wis ngunjung ning Blog Kulo, ojok lali VOTE lan FOLLOW nggih! matur nuwun sanget :D Matur Nuwun yoo, muga gusti Allah mbales kuwi, hehe